RANGKUMAN BAHASA DAERAH
(SEMESTER 1)
Idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing nerangake
titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane.
Klasifikasi/dhefinisi yaiku perangan sing mantha-mantha maut
jinis utawa klompoke.
Dheskripsi bagean yaiku perangan sing nerangake gegambaran
sing luwih rinci.
Swara jejeg lan swara mring
Swara Vokal
|
Jejeg
|
Miring
|
a
i
u
e
o
|
Widada
Tumatra
Lara
Wadi
Wirawa
Gati
Lunga
Madu
Palupi
Sate
Wedang
Suwe
Soto
loro
obat
|
Dumadi
Palupi
Dadi
Manis
Guling
Jarit
Sarung
Marmut
Alus
Golek
Mewek
Kopen
Bolong
Dados
klobot
|
Jenis tembung
Ø
Tembung aran ( kata benda )
Tembung aran yaiku sing nerangake sekabehe
jenenge barang utawa sing dianggep barang.
Tembung aran di perang dadi loro, yaiku:
a)
Tembung aran sing kasat mata
Tuladha: gunung, jaran, jeep, pura, umah, omah, dalan, segara, wedhi, lan
sapanunggalane.
b)
Tembung aran sing kasat mata
Tuladha: pemandhangan, kebudayaan, pariwisata, lan sapanunggalane.
Ø
Tembung kriya ( kata kerja )
Tembung kriya yaiku tembung sing nerangake
pagawean.
Tuladha: lunga, dolan, tuku, turu, nulis,
numpak, nggawa, mangan, njaluk, nggambarake, nerangake, lan sapanunggalane.
Ø
Tembung kahanan (kata sifat)
Tembung kahanan yaiku tembung sing
nerangake watak, sipat, lan kahanane samubarang.
Tuladha: adoh, cedhak, ayu, pans, sugih,
kepenak, sengsara, luwe, panas, nengsemake, lan sapanunggalane.
Ø
Tembung katarangan (kata keterangan)
Tembung katarangan yaiku tembung sing
nerangake tembung aran, kriya, lan tembung kahanan.
Tuladha: saiki, sesuk, awan, bengi, minggu
ngarep, lan sapanunggalene.
Ø
Tembung wilangan (kata bilangan)
Ø
Tembung wilangan yaiku tembung sng nerangake
cacahe utawa jumlahe barang lan pepangkatan.
Tuladha: loro, siji, telu, sepuluh, satus,
sewu, kabeh, separo, seprapat, sakjam, lan sapanunggalane.
Ø
Tembung sesulih (kata ganti)
Tembung sesulih yaiku tembung sing dadi
sesulih utawa gantine wong, kewan, barang utawa sing di anggep barang.
Tuladha: aku, kowe, dheweke, iki, kuwi,
kae, lan sapanunggalane.
Ø
Tembung ancer-ancer (kata depan)
Tembung ancer-ancer yaiku tembung sing
dienggo nyambung tembung kriyo karo panggonan.
Tuladha: ing, saka, menyang, lan
sapanunggalane.
Ø
Tembung panggandeng ( kata sambung )
Tembung panggandeng yaiku tembung sng
dienggo nggandeng gagasan utawa luwih.
Tuladha: nalika, karo, lan, banjur, mula,
yen, manawa, sebab, lan sapanunggalane.
Ø
Tembung panyilah ( kata sandang)
Tembung panyilah yaiku tembung sing di
enggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing ws genah.
Tuladha: sang, sing, para, lan
sapanunggalane.
Ø
Tembung panguwuh (kata seru)
Tembung panguwuh yaiku sing nerangake rasa
pangrasa.
Tuladha: ah!, aduh!, oh!, ya ampun!, lho!,
ha!, lan sapanunggalane.
Ungah-unguh basa:
Basa
ngoko lugu yaiku ukara sing dumadi saka susunan tembung ngoko kabeh.
Tuladha:
kowe, dheweku, turu, luga, mangan.
Basa
ngoko alus yaiku basa sing migunakake tembung-tembung ngoko kecampuran tembung
krama inggil.
Tuladha:
panjenengan, sare, tindak.
Orientasi
yaiku bagean teks sing isine ngenalake tokoh, umume ngandarake jeneng, papan
kelairan, lan kularwagane.
yaiku bagean sing ngandhaake kahanan,
prastawa, masalah sing tau di alami nanging sing menjila la nduwe kesan
mirunggan kang bisa di dadekake tepa-tuladha.
Reorientasi
yaiku bagean penutup lan ngandharake pandhanga lan pamawase panulis marang
tokoh sing dicritakake.
Manut
wujud e tembung kaperang dadi loro, yaiku tembung lingga lan tembung andhahan.
1.
Tembung lingga (kata dasar)
Tembung lingga yaiku tembung sing durung
owah saka asale.
Tuladha: omah, anak, putra, panas, dawa,
sugih, lunga, tuku, klambi, anyar, apik, sapu, banyu, lan sapanuggalane.
2.
Tembung andhahan (kata berimbuhan)
Tembung ahdhahan yaiku tembung sing wis
owah saka asale.
Tuladha: diparingi, nulis, nyapu, gemuyu,
anake, nyolong, nyawang, ngombe lan sapanunggalane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar